Judule " Cinta terhalang calon mertua”
Nox wis aja ragu lan aja Wedi bagen Kula dalang berokan , masih bisa ngupai
mangan gah , bagen beras sajen ya ?
Gelem apa bagen ?
Baka pengen nyandang ya engko baka ana klambi sintren apa topeng sing Anyar
heeee
"Mong kang kitae isin Ning tangga, ikah tangga gawa motor anyar mobil
Anyar di gawekna umah gedong sawah Amba kuwsyang jare wong tuane Kula kang
!"
" Heeehhhh nox nox Sira kuhhh sing demen
pirang pirang wong torong pada anjong olie Mungg kuen kuene bae tahh olie
dalang berokan arep di empani apa di sandangi apa ? ...
Lanjutan
Babak ke
Ceritane reang dolan bengi Minggu kaya iya iyaa kah ya wong ngrasa jare dewek
mah Reang kih demenane. Ntas ngobrog adoe Ning jagat Temiang kah.
Ceg sepedene srantal.... Ehh ora kelingan dadak oleh oleh tuku es campur LAN
martabak telor bae sing murah go bakal mertua mah baso ora campur basoe bae....
Leba arep gerbang umah wani dregdeg gerbange biasae
di konci kien buka setitik..
Tek ingak ingokk lahhh jlagrag motor peksen (jare
basae wong parean mah).
Jenguk bae Ning sor gerbang reang kihhh ...
Tek rongokna cekikikan wong wadon LAN Lanang ....
Lessss ati mah ngenes BLI krasa netese es campur
kenang kesuen Ning setir sepede. Dudu Dudu netese banyu mata...
Lanjut masih cerita judule "cinta terhalang calon
mertua" (bokatan ana sing ora weruh babak 1).
Babak ke 3
Dari pada wirang es capure ajur dadi banyu mending tek seroti bae nurut dalan
Eman orah olih tuku tuku. Dudu nyeroti umbel Atawa banyu mata heeee
Sewise kejadian bengi Minggu kaen reang mikir ahhh enake mah sanjae aja bengi
akad atauwa Minggu jajal bengi jumeuah. Pasti laka sing Sanja ...
Mung pikiran bengi jumauah ngarep jumuah Kliwon rada pikiran wis konene liwati
kuburan pisan lamon ko sepedene ecel leba kuburan
priwen ?!!!!????
Wis wong niat pen dolan apa salae.
Lanjut
Babak 4
Jagat bengi jumuah kretege ati siap siap dolan Ning wong wadon ....
Mampir dikit Ning pasaran tuku oleh oleh ana tahu kripsi ana es campur lan ora
ketinggalan martabak telor martabak manis sing kuning bunder kah sing ana uwur
uwure colat keju Klapa kacang wani pepek rimeng. Mung lap Atie ngayam Ning
batin kegoda pegae kebul mabune sate ... Weruh sate lahh sate wedus kelingan
bokatan calon mertua pengen .
Tek buka lokete krooaaakkkk di wiak waduhhh kari long lembar abangan gambar presiden pertama Indonesia bapak
proklamator Soekarno. (Jare guru reang blajar pelajaran sejarah). Wis mang tuku
mah sekodi aja tanggung tanggung ..
Waduhhh pegae kebul sate wani gawe wetenge reang
kruyukan ....
(Ko gah ana lanjutane).
Lanjut
Babak 5
Biasa tekang umae sing di sanjae dengkul mah ngopyok Dudu kenang Wedi tapi isin
atawa pegel kenang medal sepede kringet gembrobyos, ambekan ngos ngosan lir
ibarat mah kaya entog lanang sing wis tua kahh...
Ya Allah kosine reang nembe gah ngomong "puuunnntennn" cekrak suarae
konci umah bukae lawang... Kosine manis adem meseme senok senok duhhhh. Lap
kelingan sepede mah masih Ning Jaba gerbang tek lendena Ning sor gedang
gedang... "Nok ko ya met panganan dikit mau
mampir Ning pasaran" jare senoke "gawa panganan apa ? " Bari
ingak ingokk meng Jero bokatan ana calon mertua metu heeeeeeeeeee
Srintalll reang niliki panganan Ning sepede ...
Ladalahhhh ati ngenes dugal napsu lamon penyakit
mah komplikasi. Deleng pangan lge di wura wareh Ning kucing
(Ko gah ana lanjutane , wayae otw).
Lanjutan
Babak 6
Saking dugale kucing tek gusah
Sasae kucing kagete reang ..kucing berbalik nyakar raine reang , kagete reang
sampe kedungsuk ngabreri setir sepede , percis kaya Ning Ki prana lewu baka lage
ketemu wong alus. Klubukan nahan lara Embuh larae mah isine.
Kenang ribute kucing lan reang saking ramehe, sampe same pada metu tangga apa
gah , Embuh ikuh tangga mah calon mertua Melu metu ,
"Woyyyyyy sapa kunuh bengi bengi geger geger
bli ngrongokna daratan tah" bari malang kerik tangane .
Lahhh calon mertua e sampe metu
"Kula mama Kula " bari mlayu mareki meng
arep umae senok.
"Lahhh bocah kuh bisae gawe rungsing bae
kihh"
" Maaf Kula jaluk maaf" reange mah Embuh
nahan lara lan isin, bari dodok Ning jogane sing wani nlerep bening.
"Maaf maaf kaya Wulan badaan bae maaf maning
maaf"
Maklum kari wong lge napsu mah ningan laka pasdae,
Reange jenguk bae Ning bancong (weruh bli bancong
?)
Lanjutan
Babak 7
Jenguk Ning bancong ,
Isin LAN wirange mah Embuh rasane , lagi Dina apa kih apes ?
Mama ngomong " ehh ya Sira kuh sing due pikiran gah !"
Ning Jero atine reange lahhh reang kuh di anggep e
wong edan tah , ora due pikiran ?.
" Ehhh weru bli anake reang kih Nang masih
sekolah Kon duwur sekolae Kon olih bisa sing due apakanah pabrik mobil pabrik
kapal , sing baka plesir numpake kapal"
Reang jawab "iya ngarti Kula gah'"
Wis Embuh ngomong apa kaen mah manjing kuping
tengen metu kuping kiwe.
Kenang deleng meseme sing manis adem.
Senoke mah Ning tengah Lawang bae bari dluk Embuh
isin apa Embuh wirang ora ngarti reang gah .
Reang mangap bae kaya Kiong kopong,,,,
Bluyuuurrrrrrr awak teles kebes di bajur klan banyu
se ember . Banyue mending banyu bersih mah banyu sing gosong wada tadahan banyu
udan lan go wesuh waduhhh...
"Sira kuh kita ngomong di rongokna BLI sih
gebere kuhhh trimane kitae redio bodol Samah ora di rongokna kihhhh ehhhh...
Mana balik wis bengi anake kitae pen turu esuke sekolah...
Ya wis reang balik , jare dewek mah amber sopan pen
ngambung tangane ehhh kenang teles lan bancong teles keplesed leba Jogan e kah
dadie nyrudung wong tua lanangane senoke reang ,
( Gosong ana sing weruh bli apa ayoooo ? LAN geber
kuh apa ayoooo?)
Ko lanjutane masih sue heeeeeeee
Lanjut
Babak 8
Wis apes kelindi sibadan
Senok di kongkon manjing
Reange nguncluk bae balik
(Ko lanjut e )
Lanjut
Babak 8
Namba Dina nambah Minggu pengen ketemu kosi Angel
(Ko lanjutane )
Lanjut
Babak 9
Lge enak enak jenguk Ning pertigaan pen mangkat kuli,
Ana mobil elp papang mandeg ( mobil elp papang kuh sing mobile Abang Ning
duwure ana kacamata heee).
Manjing slesep dodok Ning gurie supir.
Kleprok Ning jok mobil sing wis nglokop karpete.
Ning kono na bocah wadon go seragam sekolah, tek lirik wani pyarrrrr pyarrrrr
BLI weruh senoke reang arepan mangkat sekolah.
Tek takoni Ning reange kih "waaaa waaaa rass
waras Nok?" Lir ibarat jagat atis kenang kumbang dreg deg awake ngopyok
dengkule,
Snoke jawab "waras aa" bari deluk waduhh
suarae wani adem nyeeessss lamon Son mah laka gegroeme laka noise bresihhh..
"Nang apa ora Lok ngupai kabar ya SMS ta apa?
" Jare reange
"SMS apae di tlpn ora aktif jeh, tolih gah
sampean kuh aa , nomere kuh ko aktif ko beli ? Due hp BLI sih ? . Jare senoke
"Ehhh iya ya reang kuh ora due hp duwene
kartue bae hpne nyilih Ning Batur heeee" jare reange
Jare dewek mah rada geser ddodke kihh kagete bocah
jerit "adaaaaaaaahhhhh " senok nangis
Reang sasah bokatan kenang reang , supire kaget
ngerem mendadak kita kedungsuk meng arep .
"Woyyyyyy diapakan bocah kuen mudun Sira kuh
" jare supire
Reang di udunna Ning toang, kandek di Balangan sing
elp Ning kenek,
(Wis ahhh ko lanjutane)
Lanjut
babak 10
Weru beli arep molan mendi reang ku ?
Arep di tanggap obrogane,
Sewise reang di udunna Ning toang kandek buntelane di Balangan Ning kenek,
reang meneng bae Ning sor baujan,
Pikiran mah Embuh mendi kihhh duit mung munge go
ongkos .
Lage enak enak nglamun , ana suara klakson tin tin
(awas klasone ping 2 artine nyapae wong Baturan , baka klasone munie ping 3
biasae calon majikan hajatan Atawa arep nyalon Kuwu).
Motor mandeg wonge buka helem , "melu bli arep
meng boz orah ?" Jare Batur reang e sing tukang ojeg lan nabuh Goong baka
ngobrog,
Clengkrag numpak motor ngenggggggggggg ora
ketinggalan bntelan Ning kandek di pangkuan,
Wis. Tekang bos mangkat ngobrog olih Ning latar
Amba , tetalu orah ,,,,,,
Ning Jero kandek berokan di taro Ning arep masih di
kandeki, ceg reang mulai arep ngango kandek tek buka tek ngrayang Gati endase
berokan ko meng kenen" lahhh endase berokan laka mata laka cungur,"
waya di buka gebodan lahhhh dasar kenek kah ya BLI deleng maning kandek e wong
arep derep isie gebodan di Balangan Ning reang , gusstiiii tobatttt alangan ana
ana bae.
Lanjut
Babak 11
Sewise bebarang gagal ya kepaksa balik maning bli sida mekayae ,
Balik numpak kopayu lage enak enake ngantuk kenang kopayue ana musike geder
bae.
Srebengggggggggg mambune wangi , kosine ya arane gah turu turu ayam kah ,
Mata rada melek titik nglirik sebelah tengen ,
kaget Sapan durat, dregdeg ati mah wis bener tebakan mah iku senok ,,, waduhh
bungae bahagiane ati , reang dehem "emmmmmm"
"Ngati kita gah dehem kuh "jare senoke
sing suarae wani les lesan Ning ati,
"Balik Nok ? "
"Iya aa"
" Mau esuk Ning elp jerit kenang apa Nok ?
"
"Ya Dika mah laka perasaane Kon geser geser
weru joke wis nglokop waya geser bokonge kecocong kawat jok" bari ngebugi
bau e reang.
"Ohhh maaff maaff"
Langsung"kiri kiri pirrr kiri pirrr"
Senok pen mudun sing kopayu , kaya pilem pilem
India kahhh sing seri lanange kaya saur kan wadone Kajol kah,
BLI kurungue supir kenang musike kenceng
Di jawil Ning kenek supire ngereme dadak senoke
salah pisan mudune sikil tengen ondere kecangkol Ning Grendel mobil , gluntung
ningan .... Aduhhhh senokkkkkkkk senokkkkkkkk jrenggggg
Lanjut
Babak 12
Senok tek rawud di gawa meng kesmas.
Ati dregdeg bli karuan, bokatan kenang apa apa , Embuh Nang apa apae mah ikuh
watir bae di salai Ning calon mertua.
Reang di takoni Ning mantri kesmase
"Jage ngubungi keluargae apa dulure" jare
pak mantri.
Reang kamitenggengen ora biasa ngomong gorokane
asat kenang jagat panas ngenteng ngenteng durung mangan durung nginum. (Lahhh
reang kuh enak dewek ya ).
Wis bature pada teka wong tuae pada teka Ning
kesmas.
"Dasar bocah sengkek bisae gawe rusia bae Ning
anake kita, gawe ibur gawe dugal dasar wong gawa blenak mah ketenger awak
blenak , tolih gah Sira kuhhh ya Nang wong kuh mawas diri dasar rai gedeg dasar
laka belere" waduhh nyewoti reang entek bersih, calon mertua Lanang ,
mending calon mertua wadon mah nangis bae deleng anak wadone lge Ning kasure
kesmas mah, untung ana pak mantri misah "pa pa wis pa isin akeh wong ,
tolih gah anake dikae ora papa mung lecet dengkule bae , wis Nang sirae mana
balik bae dikit", jare pak mantri e kuh.
Reang ngloyong balik
( Lanjut dikit ko boktan ana waktu mah di
lanjutaken maning kuen gah lamon kieng nulise haaaaa).
Babak 13
Reang balik sing kesmas kaberan
bli ngawa duit duit acan, ngeldeng ning batin “ sesambat ning wontua wadon lan
wong tua lanang , ning bapa tua lan embok tua , ning buyut jaluk iklhas ridone
kabeh para buyut reang pen ngakoni urip pen ketemu danlan pangan lan pekayae”
Lage enak enak mlaku banyu mata
brebes milih gorokan serak durung nginum mata kekunangan kenang panas, “woyyyyy
wong edan lage apa mlaku ning pinggir dermaga “ sereeeetttttt mandege mobil
sedan ireng madeng ana wong wadon kacamate ireng lan rambute abang dogol sing
kaca.
Reang wong lage blenak pikir
boro boro nyemauri deleng bae pangling , “wong edannnnnnnnn masa bli kenal kita
“ adate reang leg sekolah smp karepe dewek dadi bature reang ngundange wong
edan.
“sapa ya kodikit gah “ bari
ngileng ngileng awake raine wong wadon sing kacamate ireng rambute abang kaya
kenang panas ketigaan, bari planga plongo reange maklum wong lage blenak pikir,
(wis ora ketemu dalan ceritae
maning males mikire )