Jumat, 31 Agustus 2018

"CINTA TERHALANG CALON MERTUA" Cerita karepe dewek



Judule " Cinta terhalang calon mertua”

Nox wis aja ragu lan aja Wedi bagen Kula dalang berokan , masih bisa ngupai mangan gah , bagen beras sajen ya ?
Gelem apa bagen ?
Baka pengen nyandang ya engko baka ana klambi sintren apa topeng sing Anyar heeee
"Mong kang kitae isin Ning tangga, ikah tangga gawa motor anyar mobil Anyar di gawekna umah gedong sawah Amba kuwsyang jare wong tuane Kula kang !"
" Heeehhhh nox nox Sira kuhhh sing demen pirang pirang wong torong pada anjong olie Mungg kuen kuene bae tahh olie dalang berokan arep di empani apa di sandangi apa ? ...
Lanjutan
Babak ke
Ceritane reang dolan bengi Minggu kaya iya iyaa kah ya wong ngrasa jare dewek mah Reang kih demenane. Ntas ngobrog adoe Ning jagat Temiang kah.
Ceg sepedene srantal.... Ehh ora kelingan dadak oleh oleh tuku es campur LAN martabak telor bae sing murah go bakal mertua mah baso ora campur basoe bae....
Leba arep gerbang umah wani dregdeg gerbange biasae di konci kien buka setitik..
Tek ingak ingokk lahhh jlagrag motor peksen (jare basae wong parean mah).
Jenguk bae Ning sor gerbang reang kihhh ...
Tek rongokna cekikikan wong wadon LAN Lanang ....
Lessss ati mah ngenes BLI krasa netese es campur kenang kesuen Ning setir sepede. Dudu Dudu netese banyu mata...
Lanjut masih cerita judule "cinta terhalang calon mertua" (bokatan ana sing ora weruh babak 1).
Babak ke 3
Dari pada wirang es capure ajur dadi banyu mending tek seroti bae nurut dalan Eman orah olih tuku tuku. Dudu nyeroti umbel Atawa banyu mata heeee
Sewise kejadian bengi Minggu kaen reang mikir ahhh enake mah sanjae aja bengi akad atauwa Minggu jajal bengi jumeuah. Pasti laka sing Sanja ...
Mung pikiran bengi jumauah ngarep jumuah Kliwon rada pikiran wis konene liwati kuburan pisan lamon ko sepedene ecel leba kuburan priwen ?!!!!????
Wis wong niat pen dolan apa salae.
Lanjut
Babak 4
Jagat bengi jumuah kretege ati siap siap dolan Ning wong wadon ....
Mampir dikit Ning pasaran tuku oleh oleh ana tahu kripsi ana es campur lan ora ketinggalan martabak telor martabak manis sing kuning bunder kah sing ana uwur uwure colat keju Klapa kacang wani pepek rimeng. Mung lap Atie ngayam Ning batin kegoda pegae kebul mabune sate ... Weruh sate lahh sate wedus kelingan bokatan calon mertua pengen .
Tek buka lokete krooaaakkkk di wiak waduhhh kari long lembar abangan gambar presiden pertama Indonesia bapak proklamator Soekarno. (Jare guru reang blajar pelajaran sejarah). Wis mang tuku mah sekodi aja tanggung tanggung ..
Waduhhh pegae kebul sate wani gawe wetenge reang kruyukan ....
(Ko gah ana lanjutane).
Lanjut
Babak 5
Biasa tekang umae sing di sanjae dengkul mah ngopyok Dudu kenang Wedi tapi isin atawa pegel kenang medal sepede kringet gembrobyos, ambekan ngos ngosan lir ibarat mah kaya entog lanang sing wis tua kahh...
Ya Allah kosine reang nembe gah ngomong "puuunnntennn" cekrak suarae konci umah bukae lawang... Kosine manis adem meseme senok senok duhhhh. Lap kelingan sepede mah masih Ning Jaba gerbang tek lendena Ning sor gedang gedang... "Nok ko ya met panganan dikit mau mampir Ning pasaran" jare senoke "gawa panganan apa ? " Bari ingak ingokk meng Jero bokatan ana calon mertua metu heeeeeeeeeee
Srintalll reang niliki panganan Ning sepede ...
Ladalahhhh ati ngenes dugal napsu lamon penyakit mah komplikasi. Deleng pangan lge di wura wareh Ning kucing
(Ko gah ana lanjutane , wayae otw).
Lanjutan
Babak 6
Saking dugale kucing tek gusah
Sasae kucing kagete reang ..kucing berbalik nyakar raine reang , kagete reang sampe kedungsuk ngabreri setir sepede , percis kaya Ning Ki prana lewu baka lage ketemu wong alus. Klubukan nahan lara Embuh larae mah isine.
Kenang ribute kucing lan reang saking ramehe, sampe same pada metu tangga apa gah , Embuh ikuh tangga mah calon mertua Melu metu ,
"Woyyyyyy sapa kunuh bengi bengi geger geger bli ngrongokna daratan tah" bari malang kerik tangane .
Lahhh calon mertua e sampe metu
"Kula mama Kula " bari mlayu mareki meng arep umae senok.
"Lahhh bocah kuh bisae gawe rungsing bae kihh"
" Maaf Kula jaluk maaf" reange mah Embuh nahan lara lan isin, bari dodok Ning jogane sing wani nlerep bening.
"Maaf maaf kaya Wulan badaan bae maaf maning maaf"
Maklum kari wong lge napsu mah ningan laka pasdae,
Reange jenguk bae Ning bancong (weruh bli bancong ?)
Lanjutan
Babak 7
Jenguk Ning bancong ,
Isin LAN wirange mah Embuh rasane , lagi Dina apa kih apes ?
Mama ngomong " ehh ya Sira kuh sing due pikiran gah !"
Ning Jero atine reange lahhh reang kuh di anggep e wong edan tah , ora due pikiran ?.
" Ehhh weru bli anake reang kih Nang masih sekolah Kon duwur sekolae Kon olih bisa sing due apakanah pabrik mobil pabrik kapal , sing baka plesir numpake kapal"
Reang jawab "iya ngarti Kula gah'"
Wis Embuh ngomong apa kaen mah manjing kuping tengen metu kuping kiwe.
Kenang deleng meseme sing manis adem.
Senoke mah Ning tengah Lawang bae bari dluk Embuh isin apa Embuh wirang ora ngarti reang gah .
Reang mangap bae kaya Kiong kopong,,,,
Bluyuuurrrrrrr awak teles kebes di bajur klan banyu se ember . Banyue mending banyu bersih mah banyu sing gosong wada tadahan banyu udan lan go wesuh waduhhh...
"Sira kuh kita ngomong di rongokna BLI sih gebere kuhhh trimane kitae redio bodol Samah ora di rongokna kihhhh ehhhh... Mana balik wis bengi anake kitae pen turu esuke sekolah...
Ya wis reang balik , jare dewek mah amber sopan pen ngambung tangane ehhh kenang teles lan bancong teles keplesed leba Jogan e kah dadie nyrudung wong tua lanangane senoke reang ,
( Gosong ana sing weruh bli apa ayoooo ? LAN geber kuh apa ayoooo?)
Ko lanjutane masih sue heeeeeeee
Lanjut
Babak 8
Wis apes kelindi sibadan
Senok di kongkon manjing
Reange nguncluk bae balik
(Ko lanjut e )
Lanjut
Babak 8
Namba Dina nambah Minggu pengen ketemu kosi Angel
(Ko lanjutane )
Lanjut
Babak 9
Lge enak enak jenguk Ning pertigaan pen mangkat kuli,
Ana mobil elp papang mandeg ( mobil elp papang kuh sing mobile Abang Ning duwure ana kacamata heee).
Manjing slesep dodok Ning gurie supir.
Kleprok Ning jok mobil sing wis nglokop karpete. Ning kono na bocah wadon go seragam sekolah, tek lirik wani pyarrrrr pyarrrrr BLI weruh senoke reang arepan mangkat sekolah.
Tek takoni Ning reange kih "waaaa waaaa rass waras Nok?" Lir ibarat jagat atis kenang kumbang dreg deg awake ngopyok dengkule,
Snoke jawab "waras aa" bari deluk waduhh suarae wani adem nyeeessss lamon Son mah laka gegroeme laka noise bresihhh..
"Nang apa ora Lok ngupai kabar ya SMS ta apa? " Jare reange
"SMS apae di tlpn ora aktif jeh, tolih gah sampean kuh aa , nomere kuh ko aktif ko beli ? Due hp BLI sih ? . Jare senoke
"Ehhh iya ya reang kuh ora due hp duwene kartue bae hpne nyilih Ning Batur heeee" jare reange
Jare dewek mah rada geser ddodke kihh kagete bocah jerit "adaaaaaaaahhhhh " senok nangis
Reang sasah bokatan kenang reang , supire kaget ngerem mendadak kita kedungsuk meng arep .
"Woyyyyyy diapakan bocah kuen mudun Sira kuh " jare supire
Reang di udunna Ning toang, kandek di Balangan sing elp Ning kenek,
(Wis ahhh ko lanjutane)
Lanjut
babak 10
Weru beli arep molan mendi reang ku ?
Arep di tanggap obrogane,
Sewise reang di udunna Ning toang kandek buntelane di Balangan Ning kenek, reang meneng bae Ning sor baujan,
Pikiran mah Embuh mendi kihhh duit mung munge go ongkos .
Lage enak enak nglamun , ana suara klakson tin tin (awas klasone ping 2 artine nyapae wong Baturan , baka klasone munie ping 3 biasae calon majikan hajatan Atawa arep nyalon Kuwu).
Motor mandeg wonge buka helem , "melu bli arep meng boz orah ?" Jare Batur reang e sing tukang ojeg lan nabuh Goong baka ngobrog,
Clengkrag numpak motor ngenggggggggggg ora ketinggalan bntelan Ning kandek di pangkuan,
Wis. Tekang bos mangkat ngobrog olih Ning latar Amba , tetalu orah ,,,,,,
Ning Jero kandek berokan di taro Ning arep masih di kandeki, ceg reang mulai arep ngango kandek tek buka tek ngrayang Gati endase berokan ko meng kenen" lahhh endase berokan laka mata laka cungur," waya di buka gebodan lahhhh dasar kenek kah ya BLI deleng maning kandek e wong arep derep isie gebodan di Balangan Ning reang , gusstiiii tobatttt alangan ana ana bae.
Lanjut
Babak 11
Sewise bebarang gagal ya kepaksa balik maning bli sida mekayae ,
Balik numpak kopayu lage enak enake ngantuk kenang kopayue ana musike geder bae.
Srebengggggggggg mambune wangi , kosine ya arane gah turu turu ayam kah ,
Mata rada melek titik nglirik sebelah tengen , kaget Sapan durat, dregdeg ati mah wis bener tebakan mah iku senok ,,, waduhh bungae bahagiane ati , reang dehem "emmmmmm"
"Ngati kita gah dehem kuh "jare senoke sing suarae wani les lesan Ning ati,
"Balik Nok ? "
"Iya aa"
" Mau esuk Ning elp jerit kenang apa Nok ? "
"Ya Dika mah laka perasaane Kon geser geser weru joke wis nglokop waya geser bokonge kecocong kawat jok" bari ngebugi bau e reang.
"Ohhh maaff maaff"
Langsung"kiri kiri pirrr kiri pirrr"
Senok pen mudun sing kopayu , kaya pilem pilem India kahhh sing seri lanange kaya saur kan wadone Kajol kah,
BLI kurungue supir kenang musike kenceng
Di jawil Ning kenek supire ngereme dadak senoke salah pisan mudune sikil tengen ondere kecangkol Ning Grendel mobil , gluntung ningan .... Aduhhhh senokkkkkkkk senokkkkkkkk jrenggggg
Lanjut
Babak 12
Senok tek rawud di gawa meng kesmas.
Ati dregdeg bli karuan, bokatan kenang apa apa , Embuh Nang apa apae mah ikuh watir bae di salai Ning calon mertua.
Reang di takoni Ning mantri kesmase
"Jage ngubungi keluargae apa dulure" jare pak mantri.
Reang kamitenggengen ora biasa ngomong gorokane asat kenang jagat panas ngenteng ngenteng durung mangan durung nginum. (Lahhh reang kuh enak dewek ya ).
Wis bature pada teka wong tuae pada teka Ning kesmas.
"Dasar bocah sengkek bisae gawe rusia bae Ning anake kita, gawe ibur gawe dugal dasar wong gawa blenak mah ketenger awak blenak , tolih gah Sira kuhhh ya Nang wong kuh mawas diri dasar rai gedeg dasar laka belere" waduhh nyewoti reang entek bersih, calon mertua Lanang , mending calon mertua wadon mah nangis bae deleng anak wadone lge Ning kasure kesmas mah, untung ana pak mantri misah "pa pa wis pa isin akeh wong , tolih gah anake dikae ora papa mung lecet dengkule bae , wis Nang sirae mana balik bae dikit", jare pak mantri e kuh.
Reang ngloyong balik
( Lanjut dikit ko boktan ana waktu mah di lanjutaken maning kuen gah lamon kieng nulise haaaaa).
Babak 13
Reang balik sing kesmas kaberan bli ngawa duit duit acan, ngeldeng ning batin “ sesambat ning wontua wadon lan wong tua lanang , ning bapa tua lan embok tua , ning buyut jaluk iklhas ridone kabeh para buyut reang pen ngakoni urip pen ketemu danlan pangan lan pekayae”
Lage enak enak mlaku banyu mata brebes milih gorokan serak durung nginum mata kekunangan kenang panas, “woyyyyy wong edan lage apa mlaku ning pinggir dermaga “ sereeeetttttt mandege mobil sedan ireng madeng ana wong wadon kacamate ireng lan rambute abang dogol sing kaca.
Reang wong lage blenak pikir boro boro nyemauri deleng bae pangling , “wong edannnnnnnnn masa bli kenal kita “ adate reang leg sekolah smp karepe dewek dadi bature reang ngundange wong edan.
“sapa ya kodikit gah “ bari ngileng ngileng awake raine wong wadon sing kacamate ireng rambute abang kaya kenang panas ketigaan, bari planga plongo reange maklum wong lage blenak pikir,
(wis ora ketemu dalan ceritae  maning males mikire )

Gerakan Tari Trebang Randu Kentir Losarang Indramayu

Gerakan Manji atau Salu Salu dalam Tari Trebang Randu Kentir Losarang
Foto : di ambil tahun 2014
Model : Dwi Septiani Khairunnisa Wulandari

Sabtu, 10 Februari 2018

Sinopsis Tari Kasmaran


Sinopsis Tari Kasmaran

" KESETIAAN WANITA YANG DI TINGGALKAN OLEH SEORANG LAKI-LAKI NAMUN IA TETAP TEGAR DAN TIDAK LARUT DALAM KESEDIHAN".
Tarian ini di ciptakan untuk memenuhi tugas KOREOGRAFI II di Universitas Negeri Jakarta Jurusan Seni Tari Tahun 2014 oleh 



AzzaZanellaFadru
2525111028
Penari:
 Dede Jaelani, Azza Zanella Rafdu, Devi Permatasari, Desi Permata Sari, Een Nuranggraeni, Chitra Mudihastusti.